Film kartun animasi iki Judule The Ant Bully. Ketone film iki kanggo cah cilik tapi kanggo cah nom yo ora popo wong critane apik tur meneh ono unsur pelajaran sing apik, kabeh mau nak gelem ndelok film iki opo meneh gatek'ke yo ora ono salahe.
Critone ngene:
Ono bocah cilik sing ora nduwe konco mergo ora di senengi konco - konce jenenge Lukas. Lukas kui senenge dewean dolanan gameboard. Lha pas ning ngarep omah ono koncone sing gedhe dewe senengane ngganggu Lukas. Lukas jengkel tur meneh ndak meh di tinggal wong tuone liburan, sopo sing ora tambah jengkel.. Sesoke, Lukas rak dolanan ning ngarep omahe meneh trus nyemprot ning tanduran suket sing ono omahe semut. Yo mesti semute nesu, lha wong Lukas di ganggu koncone wae yo nesu. Lha pas turu rak di parani karo semute sing nduwe ilmu pengetahuan koyo menungso sing iso ngubah wong dadi cilik podo semut. Lha rak tenan semute ngubah Lukas dadi cilik podo semut trus gowo Lukas ning omahe semut ben iso di adili... Lha nanging Ratune semut bejone kok bijaksana dadine Lukas di kon sinau carane semut urip. Lha teruse Lukas awale ora iso nanging suwe - suwe kok dadi iso kyo semut sing peduli karo liyane..
Yo wis ora usah tak critake meneh lha kan iso nonton dewe filme. Nak aku crito terus nak di arani keminter. Wis to kui Unduh dewe ning ngisor iki:
Unduh The Ant Bully 1Unduh The Ant Bully 2
Matur nuwun sak durunge...







0 comments:
Post a Comment