Saiki aku meh crito sitik soal pengalamanku sing wis kelakon. Aku kan tau Ngunduh file lha jebule file kui PDF, padahal aku butuh file kui tapi ono tulisan sing meh tak ubah, lha pas meh ngubah gowo PDF EDITOR ora gelem di ubah. Akun jan mumet tenan. ngopo kok ora gelem di ubah??? biasane kan yo iso..... lha terus aku golek informasi ning internet nopo kok file PDF iki ora iso tak ubah?? jebule di kei pasword, mulo kok ora iso di ubah. Lha pye ki supoyo iso di ubah terus aku takon meneh to karo Pak lek Google... Pye pak lek google kok pdf ora iso di ubah jebule di pasword pye supoyo ilang password gen iso tak ubah??? Lha terus aku di kandeni sing jenenge ngilangi password ning pdf yo kui jenenge PDF PASSWORD REMOVER utowo PDF PROTECTOR REMOVER. Lha rak tenan to bar tak ilangi nganggo PDF PASSWORD REMOVER utowo PDF PROTECTOR REMOVER njur iso di ubah tulisane sing ora kanggo.
Lha sak iki nak nyatane awakmu nduwe pengalaman sing meh podo karo aku ora usah mumet meneh, .,,, wis to ilangi wae passworde gen iso di ubah. Lha pye wis nduwe programe po durung. nak durung ora usah mumet pokoke , iki aku nduwe link-e nak awakmu pingin ngunduh, yo mestine gratis kabeh mau ora perlu bayar - bayaran. lha wong karo konco dewe kabeh kok bayar. wis gage nak meh ngunduh iki link-e ono ning ngisor iki:
Yo wis ngunu wae yo, matur nuwun...







0 comments:
Post a Comment