This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

Saturday, June 22, 2013

GET DATA BACK (Cara mbalike data sing ilang kehapus utowo ke format)


Sak durunge bahas opo kui Get Data Back, aku meh crito sitik pengalamanku sing tau tak alami. Pas kui komputerku ning kerjanan lagek eror, lha jenenge wong bingung lan lali yo ora kelingan tur meneh aku wis ora iso mikir nopo komputer iki kok prosese sui lha akhir-akhire rak tak install ulang dewe. Padahal aku nginstall komputer kui yo ning direktori C:// ora ngubah - ngubah babar blas. Lha kok ujuk - ujuk data sing ning direktori D:// iso ilang, kapiran tenan to aku.. padahal data sing ning direktori D:// kui gaweanku awit tahun 2005 sampe tahun 2012. Bingung aku piye kok iso ilang keformat yo asal-asale soko install ulang. Sirahku ngelu mumet hawane pingin nesu. Yo akhire aku di kandani karo Pak lek Google kon gowo program GetDataBack. lha terus aku golek program ning internet. Pertamane ketemu GetDataBack nangin trial. Yo iso sih balike datane tapi isone mung siji-siji padahal prosese sui banget. Lha meh iso rampung kapan kui pikirku. terus aku golek informasi meneh jebule to nak gowo sing trial yo mung iso mbalike siji-siji. Lha nak meh mbalike sekabehane data sing ilang mau yo gowono sing full version utowo sing ono crack dadine rak yo full version. terus akhire aku ketemu program GetDataBack sing full version. yo akhire tak install njur tak lakoke. Alhamdulillah sirahku sing ngelu mau dadi ilang amargo dataku sing ono ning Direktori D:// kabeh iso bali meneh. akhire tak simpen kabeh to. yo kui nganggo program sing jenenge GetDataBack.
Wis to nak datamu ilang mergo kehapus utowo ora sengojo format ora usah nesu disik lan ojo mumet. pokoke siro ojo geter babar blas nak sampe ngalami sing koyo aku kui. Yo cukup sabar wae terus balekno alon - alon gowo GetDataBack. yo nak datamu akeh mungkin cuma sedino iso balik ko ora perlu nesu.

Iki nak meh Download:


Program iki full version kok tur meneh gratis siro ojo kuatir. nak meh komplite cara nganggone program iki deloko dewe ning website iki: www.movieeshare.blogspot.com website iki podo wae gone koncone dewe kabeh kok ora perlu kuatir...



The Last Air Bender (The Legend of Aang) versi sing asli


Wis tau nonton film The Legend of Aang sing versi asli ora kartun po durung??? Aang wis ono film sing ora kartun yo kui sing versi asline. Ceritone podo karo sing karton paling bedone sitik tok. Pokoke apik tenan jajalo nonton mesti gek percoyo. Lha nek meh nonton yo Unduh disik nak durung nduwe filme:
Iki lho Link-e nak meh Unduh:
The Last Air Bender siji
The Last Air Bender Loro


Corone gawe rumus pembulatan kebawah ning Microsoft Excel (fungsi rumus Round)

Sak jane rumus ning Microsoft Excel kui akeh banget cacahe, soko rumus dasar sing wis tak omongke wingi kae sampe rumus sing rodo angel, lha nanging saiki aku meh ngomongke carane gawe rumus pembualatan kebawah ning gone rumus Microsoft Excel.
Umpamane awake dewe iki meh jumlahke ongkos sing jumlahe akeh tapi pingine ongkos telu paling keri kui meh di gawe ongkos nol.





Contone ngene: =






















Jumlah omzet Rp. 20.352.220.568,- padahal pingine awake dewe hasile dadi bulat koyo ngene
Rp. 20.352.000.000 trus njur pye carane? carane yo gowo rumus rumus jumlah =Sum(numb:numb) kui di tambahi gowo rumus Round -numb dadine ngene =Round(Sum(numb:numb)-6)
arine -6 kui digit 6 sing mburi pisan dadi ongko nol. dadine koyo gambar ing nigsor iki:





















Yo ngene iki karepe awake dewe. yo wis jajalo dewe nak ora percoyo.


Friday, June 21, 2013

The Ant Bully Film (2006)

Film kartun animasi iki Judule The Ant Bully. Ketone film iki kanggo cah cilik tapi kanggo cah nom yo ora popo wong critane apik tur meneh ono unsur pelajaran sing apik, kabeh mau nak gelem ndelok film iki opo meneh gatek'ke yo ora ono salahe. 
Critone ngene: 
Ono bocah cilik sing ora nduwe konco mergo ora di senengi konco - konce jenenge Lukas. Lukas kui senenge dewean dolanan gameboard. Lha pas ning ngarep omah ono koncone sing gedhe dewe senengane ngganggu Lukas. Lukas jengkel tur meneh ndak meh di tinggal wong tuone liburan, sopo sing ora tambah jengkel.. Sesoke, Lukas rak dolanan ning ngarep omahe meneh trus nyemprot ning tanduran suket sing ono omahe semut. Yo mesti semute nesu, lha wong Lukas di ganggu koncone wae yo nesu. Lha pas turu rak di parani karo semute sing nduwe ilmu pengetahuan koyo menungso sing iso ngubah wong dadi cilik podo semut. Lha rak tenan semute ngubah Lukas dadi cilik podo semut trus gowo Lukas ning omahe semut ben iso di adili... Lha nanging Ratune semut bejone kok bijaksana dadine Lukas di kon sinau carane semut urip. Lha teruse Lukas awale ora iso nanging suwe - suwe kok dadi iso kyo semut sing peduli karo liyane.. 
Yo wis ora usah tak critake meneh lha kan iso nonton dewe filme.  Nak aku crito terus nak di arani keminter.  Wis to kui Unduh dewe ning ngisor iki:
Unduh The Ant Bully 1
Unduh The Ant Bully 2

Matur nuwun sak durunge...



Unduh Microsoft Office 2013 gratis

Konco - konco kabeh aku nduwe program Microsof Office 2013 sing paling anyar tur gratis. Jenenge wae gratis brarti yo ora perlu di daftarke lan ora perlu bayar. Kabeh mau nak kanggo konco dewe kabeh yo mesti gratis. Lha saiki pye carane mbantu konco lha duit mung yo isone nganggo coro iki yo kui bagi - bagi program sing gratis khususe kanggo konco - konco sing mbutuhke program Office 2013.

Wis ora perlu kakean omong meneh wong iki ora tutorial brarti yo langsung Unduh wae ning ngisor iki:


Sak durunge matur nuwun....


Sinau Microsoft Excel sing jek anyaran

Sak iki aku meh ngajak sinau konco - konco sing jek ajaran Ms Excel.. iki ameh ngandani sitik wae sing paling dasar, jane iki kanggo sing jek anyaran sinau Excel? nopo kok aku ngarani sing jek sinau anyaran? mergone sing tak tulis saiki Rumus Excel sing dasar? dadi nak ono sing moco wis mudeng ojo maedo ndisik soale ono sing di bahas sing rodok mumet tapi ora ning postinga iki golek ano dewe categori ning sebelah web iki.




Rumus opo wae sing paling dasar?
  1. Sing pertama yo kui carane nambahke. pye carane nambahke ? contone nak meh nambahke ongko rumuse:  = A1 + A2 terus di enter. (keterangane: A1 kui misale nulis ning kolom A1 lan A2 nulise ning kolom A2) nak gawe rumus ning ngarep di wenehi tondo sama dengan lho nak ora di wenehi tondo sama dengan jenenge kui ora rumus podo karo nulis.
  2. Sing ke loro yo kui carane ngurangke. Pye carane ngurangke? contone meh ngurangke ongko rumus: = A1 - A2 trus di enter.
  3. Sing ke telu yo kui rumus pembagian. carane: = A1 / A2 terus di enter
Lha nak saiki rumus sing ngango tulisan.
  1. cara nggawe rumus roto - roto = AVG(A1:A5) brarti AVG kui dowone Average artine Roto - roto. brarti ngitung roto - roto A1 sampe A5 kui piro.
  2. cara nggawe rumus nilai sing paling cilik = Min(A1:A5) brarti Min kui dowone Mininum artine sing paling cilik
  3. cara nggawe rumus nilai sing paling gedhe = Max(A1:A5) brarti Max kui dowone Maximun artine paling akeh utowo paling gedhe.

Mulo konco - konco kabeh sing khususe sing moco iki ojo maedo disik soale rumus iki kanggo sing jek anyaran sinau,, mulo carane ijek dasar rumuse yo mung kui sing paling dasar.. soko ngarep mau kan yo wis tak kandake ndisik ben nak moco ora maedo disik..

yo wis yo nak meh jajal matur nuwun ....


Piye carane gawe Smadav Free dadi Smadav Pro nanging gratis ora perlu bayar???



Pye carane supoyo Smadavmu sing free dadi pro nanging ora perlu bayar? pokoke gampang wae kok... iki ono Keygen-e supoyo ngubah Smadavmu sing free dadi Pro. Keygen kui artine Kunci yo ono sing ngarani Crack... kabeh podo wae ora perlu di ributke meh ngarani Keygen yo keno Crack yo keno sing penting kabeh mau podo - podo kango ngubah Pro nanging gratis. sing penting rak yo gratis to??? Wis nak ngunu ora perlu kesuwen soale iki ora nganggo coro - coro sing angel sing penting di Unduh trus di lakoke keygen iki.. trus mengko kan ono sing perlu di isin jenenge to, isi wae jenengemu dewe utowo jenenge sopo wae keno wong ora ono masalah. trus nak wis di isi jenenge mengko kan ning ngisore metu dewe ongko sing perlu di isike ning register Smadav. nak wis di isike trus OK langsung maleh dewe Smadavmu sing asale Free dadi Pro. Lak nak wis dadi Smadav Pro Mengko kan iso cepet scan virus - virus, sing paling penting meneh nak ono Update Smadav sing anyar iso Update dewe ora perlu di kongkon.
Yo wis nak kowe pancen pingin tur wis ora sabar jajal program iki yo wis iki unduh wae Link ning ngisor iki:


wis nak meh jajal disik....Matur nuwun...


PDF Protection Remover / PDF Pasword Remover



Saiki aku meh crito sitik soal pengalamanku sing wis kelakon. Aku kan tau Ngunduh file lha jebule file kui PDF, padahal aku butuh file kui tapi ono tulisan sing meh tak ubah, lha pas meh ngubah gowo PDF EDITOR ora gelem di ubah. Akun jan mumet tenan. ngopo kok ora gelem di ubah??? biasane kan yo iso..... lha terus aku golek informasi ning internet nopo kok file PDF iki ora iso tak ubah?? jebule di kei pasword, mulo kok ora iso di ubah. Lha pye ki supoyo iso di ubah terus aku takon meneh to karo Pak lek Google... Pye pak lek google kok pdf ora iso di ubah jebule di pasword pye supoyo ilang password gen iso tak ubah??? Lha terus aku di kandeni sing jenenge ngilangi password ning pdf yo kui jenenge PDF PASSWORD REMOVER utowo PDF PROTECTOR REMOVER. Lha rak tenan to bar tak ilangi nganggo PDF PASSWORD REMOVER utowo PDF PROTECTOR REMOVER njur iso di ubah tulisane sing ora kanggo.
Lha sak iki nak nyatane awakmu nduwe pengalaman sing meh podo karo aku ora usah mumet meneh, .,,, wis to ilangi wae passworde gen iso di ubah. Lha pye wis nduwe programe po durung. nak durung ora usah mumet pokoke , iki aku nduwe link-e nak awakmu pingin ngunduh, yo mestine gratis kabeh mau ora perlu bayar - bayaran. lha wong karo konco dewe kabeh kok bayar. wis gage nak meh ngunduh iki link-e ono ning ngisor iki:


Yo wis ngunu wae yo, matur nuwun...


PDF CREATOR PLUS free



Sopo sing pingin gawe file PDF. file PDF kui jan - jane ukurane malah luwih cilik di banding file ms word. Yo kadang pas awak dewe pingin ngirim file lewat email pingin cepet lha pye kok ora nak ora cepet mesti sebel mosok kirim email ora iso nyambung - nyambung amargo file kegeden. Yo nak pingin nyilike file yo di ubah wae to dadi PDF gen iso gampang di kirim. Lha piye carane gawe file ms word dadi PDF utowo file liyane word yo koyok gambar, power point di dadeake file PDF?? carane gampang wae sing penting awakmu nduwe program sing jenenge PDF Creator Plus. jenenge wae Creator yo artine gawe. betul ra? Carane cuma sederhana kok sing penting komputermu di install disik program PDF Creator Plus nak wis di install iso gawe PDF sak senengmu dewe. file PDF kui akeh untunge, salah sijine file ukurane cilik tur meneh ora iso di ganti karo wong liyo. misale yo filemu mbok kirim lewat email trus di woco wong trus di ganti pye jal? mumet to kowe. Lha nak ben iso di ganti ra popo lha nak pingin ora diganti - ganti? mulo kui filemu kui di dadeake PDF gen ora di ganti lan gampang di kirm lewat email. Carane gampang nak wis di install ning komputermu berarti iso langsung di nggo. Lha carane piye? 
Iki carane:
Misale opo sing meh mbok gawe file kui? iki aku meh gawe conto file soko ms word. bukao file ms word-mu nak wis dibuka yo mestine file ms word-mu kui ono isine to trus meh mbok gawe PDF to? langsung wae miliho ctrl + print utowo langsung wae pilih menu file trus print lha kan mengko ono pilihan meh nganggo print opo ngunu, lha nak wis ngunu piliho pdf creator ojo milih printer lha nak wis di pilih pdf creator trus di enter wae kan mengko mentu jendelo pdf creator, lha nak wis ngunu mengko ono pilihan meneh, pilihane ono telu, sing pertama kui meh gawe PDF brarti gawe PDF, terus sing ke loro TIF kui podo karo word, sing ke telu IMAGE brarti gawe gambar. Kan mau critane meh gawe PDF berarti yo pilih PDF nak wis ngunu di jenengi trus pilih Create. Lha kan mengko kesimpen dadi file PDF. Wis cuma ngunu kui tok carane gampang to? 
Program PDF CREATOR PLUS iki yo iso gawe gambar carane podo karo gawe PDF cuma milih sing IMAGE ko kan akhire gawe gambar.
Lha sak iki intine awakmu nduwe programe ra? nak ora nduwe tur pingin iso lan pingin gawe file PDF wis ora usah kakean omongan meneh langsung wae Unduh. Wis to ora usah wedi program iki gratis ora bayar kok. jenenge wae free yo berarti gratis.

Iki link nak meh ngunduh:


yo wis ngunu wae matur nuwun...


PDF EDITOR Free



PDF Editor kui program sing di gawe ngubah utowo ngedit file PDF. Biasane File PDF kui ora iso di edit biasa langsung koyo file Ms Word. lha nak pingin ngedit yo gowo program PDF Editor. Gampang kok carane ngango sing penting kowe nduwe program PDF EDITOR. Wis nduwe opo durung nak durung nduwe ki Unduh wae link ning ngisor. Sing penting carane disik. Nak wis di install langsung buka PDF Editor terus pilih wae menu Open terus buka file sing arek di edit. Lha nak wis di buka file sing meh di edit terus pilih tulisan sing arep di edit trus di klik ping pindo trus mengko tulisane maleh dadi keblok nak wis garek di edit. Jane ora angel, sing penting kowe telaten anggonmu ngedit. Aku mbiyen pas meh ngedit file PDF yo ora bingung langsung iso. Nak pingin iso yo kudu jajal nak ora jajal piye reti isone?? yo wis nak pingin iso langsung wae Ngunduh programe ora usah kakean mikir,

Iki programe ning link ngisor iki:

PDF EDITOR

Wis nak ngono jajalo dewe...
Matur nuwun...


Thursday, June 20, 2013

Empire Earth

Sopo to sing ora kenal karo dolanan Empire Earth??? mesti kui wong katrok... Empire Earth kui game sing wis lawas tapi isih enak di gawe dolanan. Dolanan iki ora marake jeleh tapi marake ketagihan sopo wae sing dolanan cah cilik, cah nom lan wong tuo. Nyatane dolanan iki ijek tetep di gawe dolanan karo konco - konco lan karo cah cilik - cilik. Dolanan iki jan - jane iso ngasah pikirane sing dolanan piye supoyo strategi perang.
Empire Earth kui coro dolanane gampang wae.. kowe kabeh iso dolanan. Ono Fitur - fitur sing kudu di nggo supoyo iso mlaku dolanan iki. Awake dewe di konkon ngatur negoro supoyo iso maju ben ora di jajah karo nengoro tonggo lan supoyo iso nguasai negoro. Lha nak wis iso nguasai negoro berarti wis menang.
Wis to ojo mikir sing suwi meneh nak pingin dolanan yo cepeto Ngunduh dolanan iki nganti rampung nak wis yo di pasang ning komputermu. Lha ning ugo ono sing portable. Wis reti durung artine Portable. Portable kuwi program sing ora nganggo di install langsung di lakoke wae.
Nak pingin sing Portable ora perlu repot masang instalasi ning komputer Ngunduho ning kene.

Iki lho link sing wis di siapke ning ngisor iki!


Unduh kabeh yo ojo ono sing ketinggalan, nak ono sing ketinggalan yo ora iso di jalake marake Empire siji nganti papat kui nyambung kabeh. Lha nak wis di unduh gabungno, lha piye cara gabungke?? carane Blok kabeh file Empire Earth siji nganti papat terus di Exstract. nak wis di exstract golek ano file sing jenenge Empire Earth.exe terus di klik ping pindo. nak ora yo gowo enter yo iso.

Namung kui informasi soko aku, Siro ojo isin nak ono sing kurang mudeng yo takono ngisio komentar ning ngisor mengko tak wangsuli..

Matur nuwu...