Friday, June 21, 2013

Sinau Microsoft Excel sing jek anyaran

Sak iki aku meh ngajak sinau konco - konco sing jek ajaran Ms Excel.. iki ameh ngandani sitik wae sing paling dasar, jane iki kanggo sing jek anyaran sinau Excel? nopo kok aku ngarani sing jek sinau anyaran? mergone sing tak tulis saiki Rumus Excel sing dasar? dadi nak ono sing moco wis mudeng ojo maedo ndisik soale ono sing di bahas sing rodok mumet tapi ora ning postinga iki golek ano dewe categori ning sebelah web iki.




Rumus opo wae sing paling dasar?
  1. Sing pertama yo kui carane nambahke. pye carane nambahke ? contone nak meh nambahke ongko rumuse:  = A1 + A2 terus di enter. (keterangane: A1 kui misale nulis ning kolom A1 lan A2 nulise ning kolom A2) nak gawe rumus ning ngarep di wenehi tondo sama dengan lho nak ora di wenehi tondo sama dengan jenenge kui ora rumus podo karo nulis.
  2. Sing ke loro yo kui carane ngurangke. Pye carane ngurangke? contone meh ngurangke ongko rumus: = A1 - A2 trus di enter.
  3. Sing ke telu yo kui rumus pembagian. carane: = A1 / A2 terus di enter
Lha nak saiki rumus sing ngango tulisan.
  1. cara nggawe rumus roto - roto = AVG(A1:A5) brarti AVG kui dowone Average artine Roto - roto. brarti ngitung roto - roto A1 sampe A5 kui piro.
  2. cara nggawe rumus nilai sing paling cilik = Min(A1:A5) brarti Min kui dowone Mininum artine sing paling cilik
  3. cara nggawe rumus nilai sing paling gedhe = Max(A1:A5) brarti Max kui dowone Maximun artine paling akeh utowo paling gedhe.

Mulo konco - konco kabeh sing khususe sing moco iki ojo maedo disik soale rumus iki kanggo sing jek anyaran sinau,, mulo carane ijek dasar rumuse yo mung kui sing paling dasar.. soko ngarep mau kan yo wis tak kandake ndisik ben nak moco ora maedo disik..

yo wis yo nak meh jajal matur nuwun ....


0 comments:

Post a Comment