This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

Saturday, June 22, 2013

GET DATA BACK (Cara mbalike data sing ilang kehapus utowo ke format)


Sak durunge bahas opo kui Get Data Back, aku meh crito sitik pengalamanku sing tau tak alami. Pas kui komputerku ning kerjanan lagek eror, lha jenenge wong bingung lan lali yo ora kelingan tur meneh aku wis ora iso mikir nopo komputer iki kok prosese sui lha akhir-akhire rak tak install ulang dewe. Padahal aku nginstall komputer kui yo ning direktori C:// ora ngubah - ngubah babar blas. Lha kok ujuk - ujuk data sing ning direktori D:// iso ilang, kapiran tenan to aku.. padahal data sing ning direktori D:// kui gaweanku awit tahun 2005 sampe tahun 2012. Bingung aku piye kok iso ilang keformat yo asal-asale soko install ulang. Sirahku ngelu mumet hawane pingin nesu. Yo akhire aku di kandani karo Pak lek Google kon gowo program GetDataBack. lha terus aku golek program ning internet. Pertamane ketemu GetDataBack nangin trial. Yo iso sih balike datane tapi isone mung siji-siji padahal prosese sui banget. Lha meh iso rampung kapan kui pikirku. terus aku golek informasi meneh jebule to nak gowo sing trial yo mung iso mbalike siji-siji. Lha nak meh mbalike sekabehane data sing ilang mau yo gowono sing full version utowo sing ono crack dadine rak yo full version. terus akhire aku ketemu program GetDataBack sing full version. yo akhire tak install njur tak lakoke. Alhamdulillah sirahku sing ngelu mau dadi ilang amargo dataku sing ono ning Direktori D:// kabeh iso bali meneh. akhire tak simpen kabeh to. yo kui nganggo program sing jenenge GetDataBack.
Wis to nak datamu ilang mergo kehapus utowo ora sengojo format ora usah nesu disik lan ojo mumet. pokoke siro ojo geter babar blas nak sampe ngalami sing koyo aku kui. Yo cukup sabar wae terus balekno alon - alon gowo GetDataBack. yo nak datamu akeh mungkin cuma sedino iso balik ko ora perlu nesu.

Iki nak meh Download:


Program iki full version kok tur meneh gratis siro ojo kuatir. nak meh komplite cara nganggone program iki deloko dewe ning website iki: www.movieeshare.blogspot.com website iki podo wae gone koncone dewe kabeh kok ora perlu kuatir...



The Last Air Bender (The Legend of Aang) versi sing asli


Wis tau nonton film The Legend of Aang sing versi asli ora kartun po durung??? Aang wis ono film sing ora kartun yo kui sing versi asline. Ceritone podo karo sing karton paling bedone sitik tok. Pokoke apik tenan jajalo nonton mesti gek percoyo. Lha nek meh nonton yo Unduh disik nak durung nduwe filme:
Iki lho Link-e nak meh Unduh:
The Last Air Bender siji
The Last Air Bender Loro


Corone gawe rumus pembulatan kebawah ning Microsoft Excel (fungsi rumus Round)

Sak jane rumus ning Microsoft Excel kui akeh banget cacahe, soko rumus dasar sing wis tak omongke wingi kae sampe rumus sing rodo angel, lha nanging saiki aku meh ngomongke carane gawe rumus pembualatan kebawah ning gone rumus Microsoft Excel.
Umpamane awake dewe iki meh jumlahke ongkos sing jumlahe akeh tapi pingine ongkos telu paling keri kui meh di gawe ongkos nol.





Contone ngene: =






















Jumlah omzet Rp. 20.352.220.568,- padahal pingine awake dewe hasile dadi bulat koyo ngene
Rp. 20.352.000.000 trus njur pye carane? carane yo gowo rumus rumus jumlah =Sum(numb:numb) kui di tambahi gowo rumus Round -numb dadine ngene =Round(Sum(numb:numb)-6)
arine -6 kui digit 6 sing mburi pisan dadi ongko nol. dadine koyo gambar ing nigsor iki:





















Yo ngene iki karepe awake dewe. yo wis jajalo dewe nak ora percoyo.


Friday, June 21, 2013

The Ant Bully Film (2006)

Film kartun animasi iki Judule The Ant Bully. Ketone film iki kanggo cah cilik tapi kanggo cah nom yo ora popo wong critane apik tur meneh ono unsur pelajaran sing apik, kabeh mau nak gelem ndelok film iki opo meneh gatek'ke yo ora ono salahe. 
Critone ngene: 
Ono bocah cilik sing ora nduwe konco mergo ora di senengi konco - konce jenenge Lukas. Lukas kui senenge dewean dolanan gameboard. Lha pas ning ngarep omah ono koncone sing gedhe dewe senengane ngganggu Lukas. Lukas jengkel tur meneh ndak meh di tinggal wong tuone liburan, sopo sing ora tambah jengkel.. Sesoke, Lukas rak dolanan ning ngarep omahe meneh trus nyemprot ning tanduran suket sing ono omahe semut. Yo mesti semute nesu, lha wong Lukas di ganggu koncone wae yo nesu. Lha pas turu rak di parani karo semute sing nduwe ilmu pengetahuan koyo menungso sing iso ngubah wong dadi cilik podo semut. Lha rak tenan semute ngubah Lukas dadi cilik podo semut trus gowo Lukas ning omahe semut ben iso di adili... Lha nanging Ratune semut bejone kok bijaksana dadine Lukas di kon sinau carane semut urip. Lha teruse Lukas awale ora iso nanging suwe - suwe kok dadi iso kyo semut sing peduli karo liyane.. 
Yo wis ora usah tak critake meneh lha kan iso nonton dewe filme.  Nak aku crito terus nak di arani keminter.  Wis to kui Unduh dewe ning ngisor iki:
Unduh The Ant Bully 1
Unduh The Ant Bully 2

Matur nuwun sak durunge...



Unduh Microsoft Office 2013 gratis

Konco - konco kabeh aku nduwe program Microsof Office 2013 sing paling anyar tur gratis. Jenenge wae gratis brarti yo ora perlu di daftarke lan ora perlu bayar. Kabeh mau nak kanggo konco dewe kabeh yo mesti gratis. Lha saiki pye carane mbantu konco lha duit mung yo isone nganggo coro iki yo kui bagi - bagi program sing gratis khususe kanggo konco - konco sing mbutuhke program Office 2013.

Wis ora perlu kakean omong meneh wong iki ora tutorial brarti yo langsung Unduh wae ning ngisor iki:


Sak durunge matur nuwun....


Sinau Microsoft Excel sing jek anyaran

Sak iki aku meh ngajak sinau konco - konco sing jek ajaran Ms Excel.. iki ameh ngandani sitik wae sing paling dasar, jane iki kanggo sing jek anyaran sinau Excel? nopo kok aku ngarani sing jek sinau anyaran? mergone sing tak tulis saiki Rumus Excel sing dasar? dadi nak ono sing moco wis mudeng ojo maedo ndisik soale ono sing di bahas sing rodok mumet tapi ora ning postinga iki golek ano dewe categori ning sebelah web iki.




Rumus opo wae sing paling dasar?
  1. Sing pertama yo kui carane nambahke. pye carane nambahke ? contone nak meh nambahke ongko rumuse:  = A1 + A2 terus di enter. (keterangane: A1 kui misale nulis ning kolom A1 lan A2 nulise ning kolom A2) nak gawe rumus ning ngarep di wenehi tondo sama dengan lho nak ora di wenehi tondo sama dengan jenenge kui ora rumus podo karo nulis.
  2. Sing ke loro yo kui carane ngurangke. Pye carane ngurangke? contone meh ngurangke ongko rumus: = A1 - A2 trus di enter.
  3. Sing ke telu yo kui rumus pembagian. carane: = A1 / A2 terus di enter
Lha nak saiki rumus sing ngango tulisan.
  1. cara nggawe rumus roto - roto = AVG(A1:A5) brarti AVG kui dowone Average artine Roto - roto. brarti ngitung roto - roto A1 sampe A5 kui piro.
  2. cara nggawe rumus nilai sing paling cilik = Min(A1:A5) brarti Min kui dowone Mininum artine sing paling cilik
  3. cara nggawe rumus nilai sing paling gedhe = Max(A1:A5) brarti Max kui dowone Maximun artine paling akeh utowo paling gedhe.

Mulo konco - konco kabeh sing khususe sing moco iki ojo maedo disik soale rumus iki kanggo sing jek anyaran sinau,, mulo carane ijek dasar rumuse yo mung kui sing paling dasar.. soko ngarep mau kan yo wis tak kandake ndisik ben nak moco ora maedo disik..

yo wis yo nak meh jajal matur nuwun ....


Piye carane gawe Smadav Free dadi Smadav Pro nanging gratis ora perlu bayar???



Pye carane supoyo Smadavmu sing free dadi pro nanging ora perlu bayar? pokoke gampang wae kok... iki ono Keygen-e supoyo ngubah Smadavmu sing free dadi Pro. Keygen kui artine Kunci yo ono sing ngarani Crack... kabeh podo wae ora perlu di ributke meh ngarani Keygen yo keno Crack yo keno sing penting kabeh mau podo - podo kango ngubah Pro nanging gratis. sing penting rak yo gratis to??? Wis nak ngunu ora perlu kesuwen soale iki ora nganggo coro - coro sing angel sing penting di Unduh trus di lakoke keygen iki.. trus mengko kan ono sing perlu di isin jenenge to, isi wae jenengemu dewe utowo jenenge sopo wae keno wong ora ono masalah. trus nak wis di isi jenenge mengko kan ning ngisore metu dewe ongko sing perlu di isike ning register Smadav. nak wis di isike trus OK langsung maleh dewe Smadavmu sing asale Free dadi Pro. Lak nak wis dadi Smadav Pro Mengko kan iso cepet scan virus - virus, sing paling penting meneh nak ono Update Smadav sing anyar iso Update dewe ora perlu di kongkon.
Yo wis nak kowe pancen pingin tur wis ora sabar jajal program iki yo wis iki unduh wae Link ning ngisor iki:


wis nak meh jajal disik....Matur nuwun...