Thursday, June 20, 2013

Empire Earth

Sopo to sing ora kenal karo dolanan Empire Earth??? mesti kui wong katrok... Empire Earth kui game sing wis lawas tapi isih enak di gawe dolanan. Dolanan iki ora marake jeleh tapi marake ketagihan sopo wae sing dolanan cah cilik, cah nom lan wong tuo. Nyatane dolanan iki ijek tetep di gawe dolanan karo konco - konco lan karo cah cilik - cilik. Dolanan iki jan - jane iso ngasah pikirane sing dolanan piye supoyo strategi perang.
Empire Earth kui coro dolanane gampang wae.. kowe kabeh iso dolanan. Ono Fitur - fitur sing kudu di nggo supoyo iso mlaku dolanan iki. Awake dewe di konkon ngatur negoro supoyo iso maju ben ora di jajah karo nengoro tonggo lan supoyo iso nguasai negoro. Lha nak wis iso nguasai negoro berarti wis menang.
Wis to ojo mikir sing suwi meneh nak pingin dolanan yo cepeto Ngunduh dolanan iki nganti rampung nak wis yo di pasang ning komputermu. Lha ning ugo ono sing portable. Wis reti durung artine Portable. Portable kuwi program sing ora nganggo di install langsung di lakoke wae.
Nak pingin sing Portable ora perlu repot masang instalasi ning komputer Ngunduho ning kene.

Iki lho link sing wis di siapke ning ngisor iki!


Unduh kabeh yo ojo ono sing ketinggalan, nak ono sing ketinggalan yo ora iso di jalake marake Empire siji nganti papat kui nyambung kabeh. Lha nak wis di unduh gabungno, lha piye cara gabungke?? carane Blok kabeh file Empire Earth siji nganti papat terus di Exstract. nak wis di exstract golek ano file sing jenenge Empire Earth.exe terus di klik ping pindo. nak ora yo gowo enter yo iso.

Namung kui informasi soko aku, Siro ojo isin nak ono sing kurang mudeng yo takono ngisio komentar ning ngisor mengko tak wangsuli..

Matur nuwu...


0 comments:

Post a Comment